Kaca iki wis divalidasi
6. MIJIL
Wijiling tyas padhang nrawang mingis
memetya mut kamot
widagda ing budi wus rejaseng
guna sakti samaning dumadi
marmane kang warti
Kenthus dadi pukrul.Akeh lamun rinupakken tulis
ucapen si kebo
dennya minta kuwuk kawlasane
tansah aneng ngarsa sru mangudi
wuwuse ngrerintih
manuara arum.Samana wilpuksa duk myarsi
temah anebda lon
heh danuka mituruta mangke
ing sapangreh pratikel sun Bothi
sirarsa sun irit
ring omahe pukrulKang subrata dhepok Ngampelgadhing
Kenthus prawira nom
baut munah ing prakara gedhe
nalar ingkang dahat ribet sungil
kang sundhitan klempit
malang-malang putung.Rawe-rawe rantas rina gusis
undhagi ing kewoh
61