Kaca iki wis divalidasi
Tan kaweken agal alus sungil rumpil
sarta ahli brata
mudyastuti mring Hyang Widi
susilarja nrang wikana.Guna srana kretarta murti satiti
sabar sarta budya
asih ing dat maha suci
putus ubenging bawana.Pangadilan kukum lawan yuda nagri
kenceng sinantosan
mara sayuk para kumplip
reh wasis mranata basa.Basa,basa basukine den kawruhi
mrih rata raharja
agama nembah Hyang Widi
saya kasub kasumbaga.Panengrane kumenthus met masa nami
pangreka dayanya
katya kagumira tuwin
Pathangkus saha kenthorang.Mangkyandaka kenthula punika sami
Ken thus jarwanira
kalokeng serat pawarti
tembung Landa Mlayu Jawa.
60