Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    Astha Brata Rama keling
    Teka wardi Ramayana.

  1. Myang Ambiya pustaka raja prituwin
    Layang Anglingdarma
    Nawawi Iman bukari
    Makutharaja Ian Menak.

  2. Mannanira pethangkus ahliing budi
    wit dhemen piwulang
    buku saananing bumi
    saka Nederlan lndiya.

  3. Kawruh ukur algebrah myang regelpandri
    keh ukuran anyar
    elo meter den kawruhi
    oobot liter kilo myang gram.

  4. Tetimbangan sekal ukuran kalanji
    katipu Nederlan
    pal emil ukuran bumi
    marma kenthus swaijaneng rat.

  5. Planggeraning nagara krama sitruksi
    wet tuwin setat siblat
    angger pranatan pulisi
    buku kandhungan datar sah.

  6. Myang nawala pradata lan angger redi
    aru biru miwah
    regelman sadaya ngenting
    cukup praboting ngagesang.

  7. Kang sidibya nuncep cukup liring ngelmi
    pangulahing perang
    pangrusakireng duijati
    kang mangudi karahaijan.

  8. Legawengtyas cipta budi amumpuni
    sadu parikrama
    tan kendho olah lulungit
    tanggap graitaning pasang.

59