Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Pasrangkara marang sira mesa Bothi
    heh kebo kang sabar
    ywa nglalu mangkono Bothi
    sun golek wenganing driya.

  2. Nengna gantya kocapa kang kinawi
    sajuganing kewan
    kenthus kasub ing pawarti
    endhek cilik trincing keras.

  3. Semu bunder abang nom gigire dalir
    sungute tan panjang
    lir lombok abang alungit
    wulu lemes alus raras.

  4. Kulit tipis pandhes prabane mathithit
    wenes prabeng netra
    sumeh sabare respati
    polatane lembah manah.

  5. Cakep cukup basa bangsane kumelip
    putus kasusastran
    pangolahe niti sruti
    bangkit tembung Landa Arab.

  6. Kehing Kitab Kur'an Tapsir kaelani
    supi kawruh palak
    mukarang jumiyah bahwi
    usul wus dene maknukat.

  7. Tasrip nahwuunaul Anwar Bajuir
    daka bayanofah
    kitap samsarah tajuwit
    palanggaraning wawacan.

  8. Mat kang wajib it ambilagonah pra'il
    wus ngentek sadaya
    apa maneh sastra Jawi
    pramasastra ywa karana.

  9. Dasanama bausastra Buda Kawi
    saha layang Babat

58