Sarwi mesem janur gunung sira Bothi
kadingaren mangkya
prapteng kene netya lutih
lah apa nemu prakara.Ingsun kira prakarama banget sungil
turidaning muka
kusem ngelob-belob Bothi
apa ta darunarira.Kebo maturing purwa madya mekasi
denira wawarta
mring Sugriwa esmu tangis
mukane konjem pratala.Dhuh Sang Wiku mugi paparinga ing sih
pegating uswamba
paduka ulun watawis
saget ngendhih dibyengma.Ulun dherek ing dunya tumekeng akhir
kuwuk nambung sabda
ingkang sarta kirig-kirig
o, o , yen mangkono sira.Barang peteng sing sapa kanggonan wadi
angge apyuh gelap
mangke kenceng pra pulisi
kagledhah tan wus katara.Tibeng dhendha keneng punukmu sapalih
terkadhang rinampas
bab jangjimu kurang resik
pratikelku wenehena.Nadyan mati sapisan slawase urip
nrimaa kewala
ing benjang antuk swargi
langgeng nikmat tur mupangat.Kang mangka wis mupakat benering kakim
sing sapa wong utang
56