Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
    rumangsa yen tunggal jinis
    kalaling kukum agama.

  1. Nambung sabda manjangan dhateng pun Bothi

    mundhi kadya paran
    rangkah kumpreng tuwin randhi

    sae kang prayembak sura.

  1. Tan kuwawa aja kang tempuh ing jurit

    pinandeng kewala
    kancaningsung anggelali

    weruh bae klenger tuwa.
  2. Reh wus kumuk kasebut kabar kesari
    prawira digdaya
    kalana jaya dimurti
    putus munah gung ing kewan.
  3. Heh danuka pratikel sun sira aglis
    coba mangalora
    ana sujanambeg niti
    kuwuk paparab Sugriwa.
  4. Aneng kendhal growong dennya mangun teki
    dhasar tunggal bangsa
    Ian macan pangane sami
    manawa bisa sung mu1ya.
  5. Banjur srahna pati uripira Bothi
    sun kira kaduga
    si Kuwuk sanadyan cilik
    nanging putus ngelmu byakta.
  6. Saha bangkit mirasat iman sapingi
    kebo glis pamitan
    ngalor wisatanya prapti
    sangisoring kayu kendhal.
  7. Kebo ngungak micareng kuwuk kepanggih
    sru kagyat wilpuksa
    ngacarani tata linggih
    kuwuk nabda nyakrabawa.

55