Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5. MASKUMAMBANG

  1. Kumambanging nala danuk arda miris
    sun gagas tan enak
    yogya miruda ing wengi
    ngupaya sambunging gesang.

  2. Marang ngendi pangungsine nyawa mami
    tiwas yen tan ngendra
    istiyar wajibing ngurip
    sun ngalor kene kewala.

  3. Mring wismane menjangan kang tunggal jinis
    padha bangsa kalal
    menawa bisa ngayomi
    patiku kang isya-siya.

  4. Nadyan ringkih paribasan giri lungsi
    mokal ing tunitah
    sigra wanci ratri anis
    dhemitan tan dangu prapta.

  5. Wismeng randhi ingacaran tata lingguh
    sinungan kramarja
    bagya binagya ing wuri
    kebo nulya pasrangkara.

  6. Heh ta yayi menjangan praptengsun iki
    harsa minta welas
    pancasen susahing ngati
    tan ana maneh mung sira.

  7. Bothi nulya jarwa purwa amekasi
    menjangan sru njola

54