Kaca iki wis divalidasi
Ucapen sira maesa
sawusnya ngaso pribadi
ngunandika jroning nala
kaya paran awak mami
nirbudayaning urip
sun timbang-timbang ragengsun
kaya tan bisa wudhar
kasangsaya ruwet mangkin
nora ana wekasane kang prakara.Sun saraha karseng wagra
sun wenehi punuk sapalih
adate wong mangan enak
tan trima yen mung sapalih
begja keri sathithik
cilakane nyawel gulu
kadhang durung narima
malah ulur lidhah kisi
yen mangkono nyawangingsun kalambrangan.Manawa ingsun panggaha
pira boboting panggaha
ngadu guna dibyeng rana
kepeksa sun gumingsir
wangsul watake debi
culika dursileng laku
wengwengane pragalba
nyimpe dursileng pakarti
nubruk gurung gulu rantas ngebus darah.
53