Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    arimong kewran ing kalbu
    kamayan dahanarda
    daruna cidraning mundhi
    macan gembong mamres budi tiwikrama.

  1. Mekar kang guna widagda
    dayeng kamayan mawerdi
    tinarimeng janaloka
    sakala jawah nekani
    pancawora wor riris
    gumrujug nyirep kang latu
    wus nir dayaning wongwa
    campuh malih danu debi
    kadibyane karo pisan tanpa guna.

  1. Danukana mresing nala
    mahyakaken aji Bothi
    lenga rasatala wrata
    saking punuk sudirengsti
    saciptanira dadi
    bandung bandawasanipun
    dahat sudibyengkara
    sakala sarira wesi
    macan gembong nulya mahyakken danunya.

  2. Asidhakep suku tunggal
    nutupi warana wadi
    nyumpet kanang pancadriya
    ngeksi tiksyeng grana lungit
    mantheng kang puja jati
    kajating katrimeng sujut
    sakala malih warna
    wujud waja purasani
    iya iku wesi ibrani nagara.

  3. Ngendhih kasektene mesa
    saknalika dadya glali
    ndledek wus tanpa budaya
    nulya kasaput ing ratri
    samya undurnya kakalih
    sima tansah ngunggut unggut
    ketang hardaning driya
    dennya sru kepenging daging
    saya sengkut reh benering tata praja.

52