Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    saha solan-salining tyas
    lanat kang tanpa upami
    cegah paworing Gusti
    punika budi kelurung
    larangane sujana
    kang ahli klakuan ngakir
    lah elinga yen sira bakal pralaya.

  1. Mamriha tama sampurna
    urip mati kang nyukupi
    pangudining sangkan paran
    ungseten Kitab lan tapsir
    ywa sira gedhag-gedhig
    gumunggung sarta kumlungkung
    uripmu mung sapisan
    yogyane ngupa utami
    laku karya mangka sangune pralaya.

  2. Busanane mukmin kang kas
    kang kanggo ing ngrika ngriki
    aja nglakokken dajal
    lahir batine ljajil
    pragalba sru angerik
    gora reh mageter magut
    horeg pratiwi jinjang
    nulya mesa pasang liring
    buntut jenthar lir wangkawane mandrawa.

  3. Arimba nubruk saksana
    katampan murdaning Bothi
    tumameng sungu gumebrag
    rebut jaja sura sekti
    dangun ungkih-ingungkih
    kakalih timbul teguh tus
    wal kuntal ting cakekal
    kebo mahyakken guna sti
    bijik sela dadya amun-amun awra.

  4. Kumedhut dikdeng ngawiyat
    ngampak-ampak mawa agni
    mayuta-yuta dahana
    lir wreksa singa wiyati
    bayak nempuh Arimbi

51