Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
    sabanjure pardikane takokena.
  1. Kesari sira ywa merang
    isin mamet warah mami
    dadiya candra kraharjan
    ora mung sungkan tinagih
    dhasare ora abti
    ketlanjur wetune wuwus
    uga bener sorahnya
    uwot siratal mustakim
    aneng tutuk musamane kang sanyata.

  2. Dene kalamun wong Buda
    ingaran wot ugal-agil
    tan pae panggonanira
    mung beda tembungireki
    wong Ngarab lan wong Jawi
    nanging rasanira gathuk
    paran sardula sira
    sinungan beda ing budi
    lahirena budimu welas maring wang.

  3. Kama wantah jajallanat
    racuten buwangen tebih
    kalbu mukmin baitullah
    sireku omahing Widi
    tegese mukmin debi
    sira dhewe wruhanamu
    kapareng tur kapurba
    purbaning Hyang nyarah kapti
    reh wus paring gumelaring kautaman.

  4. Lantaran rasuling Suksma
    iya iku Kangjeng Nabi
    murti mulkuning buwana
    kutu-kutu kang kumelip
    Sleman baladeng Mesir
    Ibnu Dawut sudibya nung
    wus winenangken warta
    kang wus katimba prayogi
    mangke sira murang harjaning bawana.

  5. Wetune kang pancadriya
    murungken cipta lestari

30