Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    nindakna budi lestari
    aji-ajine urip
    sesami keh wedi sayuk
    trisna lahir batin
    sirarsa madhep mring mami
    tangeh lamun sun eringa marang sira.

  1. Wong kalah siniya-siya
    wus mlayu binuru wani
    mogok reh kajibah sayah
    nekat toh lara Ian pati
    apa tan wruh kumpeni
    kaulah marta mring satru
    kang wus kalah sinarah
    mungsuhe dipun beciki
    wekasane ala wedyasih sutrisna.

  2. Iku kupiye klakuan
    titenana jroning ati
    tega pati rila dunya
    subagya yuwana murti
    ywa maksih kuthung pikirmu
    yen swanyana kretarta
    miriba Kangjeng Gupermin
    cipta ngantariksa sinuwun sasana.

  3. lngkang sinuwun tegesnya
    punika sinunggi-sunggi
    susuh hananing buwaha
    sipat kodrat kang pinuji
    kumpuling rasa jati
    neng Sunan panggenanipun
    tunggal lan Sastra Jendra
    ayuning buwana debi
    aja ngrusak alam jroning jisimira.

  4. Duga lawan kira-kira
    yudanagaraning ati
    yen tan linakon karweka
    sastra jendra tanpa dadi
    kalah ciptane ngeblis
    jim setan mangka wujudmu
    macaa surat Kul'a
    ngudu birabin inasi

49