Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Nagih potang marang sira
    ingukiran temah dadi
    padudon atasing dunya
    sira wong utang rejeki
    panas prih sun 1akoni
    wekasan mung nyaur wuwus
    tan ana entekira
    tembung ngonggrong murih aris
    nora daya iku dudu benerira.

  2. Rijeki padhane arta
    tan kena den mamanisi
    tansah saking nga1embana
    yeku jatine prana tis
    swara ngregeti bumi
    yen sirarsa nyaur wuwus
    yaktine kena uga
    nanging kang condhong 1an pikir
    nadyan awon leksana tan dadi ngapa.

  3. Sireku dosa rong wama
    kang dhingin marang Hyang Widi
    kapindho 1an kang potang
    yen sirarsa ngadu sakti
    sun pesthekken nemahi
    kuwandamu nora ngukup
    uripa rip-uripan
    mung bakal sun cupet Bothi
    aja kongsi a1amu kadawa-dawa.

  4. Marma srahna patinira
    mupung durakanta tipis
    dhustha kartining silarja
    1e1ethek sarining juti
    bumi banyu anjerit
    gumeter den ambah ing dur
    dursila sa1ah ing rat
    sirnaa kewa1a becik
    mesa asru kagyat myarsa sabdeng wagra.

  5. Heh becik temen arimba
    siya tan kena den aji
    aja nglakokaken sota

48