kalap ing panasaran
mati ping pindho kaping tri
utamane sun bali nanggulang sami.
Yen pralaya ingsun asap
nulya bali marang gisik
maregi unggyaning sima
muka konjeming pratiwi
pasang welas minta sih
kebo mangkana kang wuwus
dhuh sang maha widagda
ma'ap sambutan ku lesthi
nyuwun inah sakdaleming kawandina.Yen sampun prapteng semaya
kawula ngaturi uning
katranganing kang sambutan
sadasa lah kadi pundi
sardula nabda wengis
kebo sira murang laku
dhustha kartining gesang
kelasrengat glahing bumi
nora becik anglebur silaning krama.Utang pangan sambung nyawa
wirang isin sun labuhi
kalakon nyunggi ron-ronan
mung iku sejaku urip
ing mengko tan temah dadi
rubeda wit kacidramu
ladalah apa ora
saiki saguhmu enting
wus tetela sireku ngrusak planggeran.Kebo mangke kawruhanira
sun rudapaksa sun bestik
punukmu separo iya
wus keri untuku ngeksi
ginoreng pasthi gurih
yen panggah togna budimu
manawa arsa terang
mring dibyeng sunjareng jurit
sejatine sun Ngijra'il ngejawantah.
47