Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    tangise mangarah-arah
    heh sagung swaJjana murti
    terangna kang satiti
    mungguh suraseng pituduh
    tepa lupya maesa
    sugih miskina kang nganggit
    umanjing pu'ating sanubarinta.

  1. Arimba pasrangkaranya
    ngesi-esi saha wengis
    heh durcala melebuwa
    sun tonton antepmu Bothi
    miriba bae mangkin
    kasaguhanta ing dangu
    tandange tuhu setya
    ngantepi kedaling lathi
    sun pasthekken sira mangsa ngungkirana.

  2. Jamake ingsun arimba
    satriya tameng dumadi
    sarambut tan nyuda satya
    aja kang wus den beciki
    lagya temu bae wis
    wani toh jiwa ragaku
    apa sirarsa dadama
    maesa sumaur becik
    sigra-sigra umahas gebyur sagara.

  3. Lumembak ngelangi nglangak
    nempuh trunaning udadi
    anjagedhag noleh wuntat
    sumelangan nyawa gingsir
    yen oncat saking jisim
    cipteng kebo aduh-adhuh
    iki babaya apa
    dede dahat meres budi
    yen mangkono prayoga mentas kewala.

  4. Yen sun cacaka kang toya
    mangidule tanpa tepi
    nem cengkal kewala sida
    wareg banyu anemahi
    pati datan patitis
    ginawa Jeng Ratu Kidul

46