Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Wisata lon arimba neng ngarsi
    maesa tut wuri pancakdriya
    satus yuta bingung tyase
    rehning mong ambeg punggung
    cipteng kebo tan wurung mati
    rinuda rinupaksa
    yata puluh-puluh
    mati mringkus lan bergagah
    yogya panggah saguh tumempuh ing jurit
    yata ajang-angajang.

  2. Abote wong nedya luru urip
    datan dangu karweka tumeka
    tirah ing samodra jejer
    sima nulih ana nu
    saha nebda payo den aglis
    gebyura mring samodra
    ngetokna panggahmu
    tan susah sagara wongwa
    banyu bae yen nyata wani ngantepi
    mirit punaginira.

44