Minta tulung marang sira Bothi
sun karya srana leliru lambang
campuh ing bandawala ge
nanging pangiraningsun
tan ku wa wa sira ngalangi
marma sun panggya sira
datan minta tulung
amung klantihe rageng wang
ambebana punukmu ingkang sapalih
iku daging mirungga.Kaya nora tumekane pati
rehning adoh lan dalaning napas
sira mopo wusanane
saguh dadya tutunggul
lamun baya pakewuh prapti
kapaseng yogya bagya
untunging ragengsun
sanadyan mati tan mangan
ujer nora pinatenan lorek debi
kang mangkono tyas tama.Sira saguh angalang-alangi
lahta payo sun tuduhken sira
panggonane macan lorek
kang karya dudu mring sun
kebo dupi miyarsa angling
gembong ingkang mangkana
wucat netra murub
keju ndharedheg kumesar
nar enaran bunaring tyas titis atis
sima dayaning gesang.Gedheg-gedhegjudheg ing pamikir
ing wusana nyanggemi jangjinya
manjing marang samodra we
mangkono wong kasusu
dhasar bodho kaburu ngisin
kesira sabdanira
heh ta kebo bagus
nanging sun pastheken sira
nora klakon ewa samono sun irit
mlakuwa wurining wang.
43