Kebo nulya sumambung wlas asih
dhuh sardula aja kleru tampa
nora mangkono patrape
nanggulang satru mungsuh
sun pamekken samodra agni
remuk kasawuma
srah jiwa ragaku
wruhanira ora-ora
madayakni prabatapi mung upami
dhasar yen mula ana.Padha kardi yun nempuh sireki
ywa sandeya sun dhisik pralaya
lah endi macan rupane
jamurapi kang magut
dene nganggo melehken jangji
san atiku wus tuwa
mung akeh yuswamu
deneta tan wruh pralambi
lah ngajiya macan pasemon kang lungit
supaya wruh upama.Macan gem bong alon nambung angling
iya bener mesa wuwusira
sagara geni pasemone
tegese kang puniku
bab babaya pakewuh sami
sira kang wani malang
mring sun atetulung
sewu sukur nedha nrima
nora sida sun minta punukmu Bothi
yen mula tuhu setya.Kabeneran banget anujoni
uwis tigang dasa ri punika
sun pancakara katiteh
lan wong lorek dibya nung
tan kawawa sun mungsuh jurit
wit sura sakti guna
wikrama di mredu
sasat Hyang Bathara Kala
ngapurancang rodha catu ngilat thathit
ingsun murut ngendrasa.
42