Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Rajabrana tuwin guru dadi
    bayar arta sapira ing rega
    mirit sapira bobote
    bobot utawa traju
    karya nimbang amrih satiti
    yeku lakuning potang
    mangka sira jaluk
    punuk sira arsa mangsa
    ingkang ora wicaramu wani-wani
    manut pikir tan harja.

  2. Lah trajuneng kecapireng lathi
    ywa kawahya yen durung tetela
    timbangen bener lupute
    saking prasan atiku
    lihmu nganggo cangkem wus lami
    de cule kongsi salah
    temah murang laku
    ngrusak pranataning gesang
    kay a priye wicara lehmu mbaleni
    kagyat debi swardana.

  3. Pasrangkara aja kumawasis
    lungiting sabda mung amrih murka
    iku dudu sabenere
    ngatokaken tyas palsu
    macihnani budi pranatis
    kumetmu nurut empyak
    pajatine punggung
    elo kujur raganingwang
    ngong tetulung temahan pinenthung linggis
    awit alaning sanak.

  4. Lah ta mara ling-elingen Bothi
    durung klingganata daluwarsa
    maksih katara tilase
    nguni ngarah satuduh
    ing wong ingkang gelem nulungi
    ilanga cintrakanta
    mangke mukir mungkur
    mara age katogena
    dudu geni sagara wae wis
    danuka gebyurana.

41