Amarlupa nir bayunireki
cakraning wardaya cipta ilang
kadya kenganglangan tyase
wusanane panggayuh
gayuh-gayuh wangsulan ririh
mrih sami ngarah arah
man uara arum
dhuh debi aja mangkana
dudu padon sira mundhut getih daging
kang tumempel ing badan.Sewu tangeh sun ulungna debi
reh sun datan jangji lawan sira
aweh daging punuk kiye
prasetyeng sun mung tanggung
nanggulangi satru jaya sti
kang sun saguhl macan
tempuh ing pakewuh
prabata pitasik wongsa
tekeng lara nadyan tumekaning pati
tan nedya neat sakeswa.Liya iku tan darbe punagi
ingkang kadya pamintamu macan
iku nedya karya dede
yen mangkono sireku
wong tetulung temah menthungi
pati den nggo dolanan
mung siji uripku
tan duwe urip badinan
yen anaa pamerane bae gampil
reh sira mitraningwang.Lah elinga ywa tindak tan yukti
kaya paran macan karepira
landraten atirnu dhewe
tan gampil culing wuwus
kudu nganggo tinimbang dhlsik
jroning atimu ana
rembug bener luput
ajara budi kraharjan
potang pangan estune anagih bukti
karya anyaur karya.
40