lngsun uwis saptari tan bukti
mider wana ngupaya tan daya
wahyakna welasmu mangke
iki mitranta lesu
kendran pangan sira kang wajib
lamun dhangan ing karsa
punukmu puniku
wus sun tim bang kaya nora
melarati rehning punukira Bothi
adoh lan dalan nyawa.Mangka punuk ingsun kang murwani
sun rambanken ron drenges tilarsa
suket banyu ron-ronane
nemahi daging lemu
anglengguruk punukmu gajih
mangkya wus kiyat santosa
saking kadarmanku
luwar saka kasangsaran
marma aja selak pamundhutsun Bothi
benering tatakrama.Ujaring dalil kalamolahi
wong kang potang ngamal rila eklas
tikel satus wawalese
kang mangka pamitengsun
muhun trirna punuk sapalih
karya cagaking gesang
ywa selak andanu
aja madayeng ubaya
Gusti Allah kang sipat Rahman irrahim
murah dunya sih kerat.Mesa Bothi kumepyuring ati
lir glas krestal kemprang tibeng srasah
mester ingkang mawa semen
nglong cipta slira kumyus
ketes-ketes swanita mijil
tri pandurat tan nabda
jentung pungun-pungun
tuntunging nala narantang
ringa-ringa lesah lir pindah wong ngimpi
sulap pangeksinira.
39