Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Tameng gesang tetuhu sasami
    supayane tembe antuk palal
    wawales ing sapantese
    mangkya kebo wus lemu
    lulur kisi punuke gajih
    lantaran saka ingwang
    pikuwating rangsum
    lumintu ing saben dina
    rehning mengko sun tuna ngupa rejeki
    kendran barang mamangsan.

  2. Ingsun minta kawlasan ing Bothi
    kang supaya nandhani katresnan
    wajibe mimitran genten
    reh sun kaputeg butuh
    dahat luwe cape ingjisim
    ingsun jaluke coba
    punuke andanu
    saparo kewala amyak
    nadyan kabeh sun kira tan malarati
    wit adoh dalan nyawa.

  3. Nguni dhasar wus duwe punagi
    rikalane kataman sangsara
    sing sapa kang marasake
    yun mituhu satuduh
    karsanira kang tumulung sih
    tan pisan kumedhapa
    saguhe rumuhun
    lah coba ingsun kepanggya
    macan gembong wisata tan dangu prapti
    pinanggih lan mahesa.

  4. Wusing tatakramaning basuki
    silaning kahanan titah gesang
    tan siwah adat sabene
    nulya mong nabda arum
    mring danuka praptengsun iki
    tan katemu wus lawas
    yun wruh kahayonmu
    kapindhone minta welas
    marang sira gentenan wong aneng bumi
    wenang palar pinalar.

38