Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

3. DHANDHANGGULA

  1. Lir sakara dennya mitran sami
    sardula gembong lawan danuka
    wuwusen arimong mangke
    mulih ring wismanipun
    dupi prapteng panti ngupadi
    mamangsan yun minongsa
    takdiring Hyang Agung
    wektu samana tan daya
    jangkfih tuna nubruk luput kongsi langib
    sunya tan antuk mangsan.

  2. Lir kiniyas rejekine debi
    kidang menjangan saha andhapan
    kadhal kodhok luwak rase
    sapta ari tan mangguh
    dahat luwe koncatan bukti
    macan gembong klalipan
    putek peteng tambuh
    kontrang-kantringan kewala
    ngalor ngidul ngetan ngulon datan manggih
    nulyeng nget kang wardaya.

  3. Ngunandika elo toblas lali
    ingsun dene wus potang kotaman
    rejeki mring kebo biyen
    drenges ron tilar sagung
    tarutala maneka wami
    adoh panggonanira
    lawas tanpa petung
    wirang isin ingsun temah
    saben dina nyunggeni mbrengkut lir glidhig
    saking yun budyatama.

37