Nuli kang suket binukti
dupi karl sawatara
trangginas Kesari gem bong
ngupaya malih rambanan
kang sampat momot toya
sadina ajeg ping telu
mangkono prawireng gra.Wusing wetara saptari
rinangsum ping tri sadina
saha solan satin godhong
sima sangsaya sihira
kongsi nyolong lung tela
lembayung rendeng ron jagung
darbeke janma padesan.Awit ketarik tresna sih
dennya met pawong sudara
lir tunggal yayah renane
tan kena benggang sarema
nir suba sutanira
rina wengi tunggal turu
samana alama lama.Danuka wus lemu gembil
rehning datan kurang pangan
waluya rawas wus pulih
tambah prapteng mangsa sitra
ngreceh lara ping wresa
cukulan ing wana tuwuh
warata satanah Jawa.Mahesa wimbuh respati
santosa lemu dagingnya
sampil punuk mendhol-mendhol
geng luhur yayah prabata
kalimis araras
karnun kupeng muka capu
netrane sumirat darah.Tracak lantas kikil trincing
kulit tipis wulu ngawat
dhasar lamus semu ijo
jangga geng pranaja jembar
buntut merit tur panjang
35