- kang aneng tepi jurang
sadarpa sungil gonipun
watarantuk nem bopongan.
Sinunggi mring narmada glis
subadya cancut tandangnya
den brukken samadyaning we
sasampunira ingentas
binakta wisatenggal
binrukken ing ngarsanipun
bothi tambah sukeng driya.Alon matur esmu nangis
marang risang budi darma
adhuh sardula wong saleh
sewu yuta panrimamba
nangking panuwun amba
mugi kang pracayeng laku
srahna dat ingkang murweng rat.Ywa mamang tindak kang yukti
wahyaning ngamal susila
kadarmanta kang lumeber
atas sadu pari krama
nyrambahi sariramba
nga1angi pedhoting ngumur
marma sampun wancak driya.Suksma tan klimputing ga'ib
ngodrat kalam bangkit molah
saking karsaning Hyang Manon
nulisi sagung klakuan
awon sae sinerat
kang kadi paduka estu
aneng loh makpu tetela.Warah jeroning ngaka'it
ngamal sapinap tunapsa
liripun klakuan sae
dados prauning sarira
kapanggih ing sakarat
wawales tikel ping satus
atasing basuki tama.
34