Tan dangu lampahnya prapti
ngisor Sempu nggone mesa
den brukken aneng ngarsane
danu kajenger duk mulat
lata drenges tilarsa
asreping tyas suka sukur
dahat suka mawantatma.Manembah sujut si Bothi
ing ron kang wus kinum toya
saha matur mring harimong
adhuh singaning Nederlan
nglengkara ta maijanta
satus kethi amba nuwun
pinten banggi dinten benjing.Kula tur wales nyameni
saking darma marta Tuwan
tan langkung amung sumendhe
atas karsaning dat mulya
kang tan klimput ing lembat
ngalimun bidatis sudur
ngawruhi krenteking dhadha.Nulya sadaya binukti
tanggap rasa getih tampa
sanalikane tyasnya jer
seger sum yah midreng jiwa
lumpuh pegel masirna
dahat nikmat sesek singkut
tan siwah janma lan kewan.Larang pangan beras pari
sega beras sepur doyan
kalane kelantih kebo
alang-alang garing doyan
kleyang kewala doyan
kang mangka mangke andanu
mangan taru kinum toya.Antara ron tilar santing
sima terang ing paningal
nulya wisata ge age
ngupaya maning rambanan
33