sumber belik rawa asat
paran derantuk tirta
kesari sumambung wuwus
bab iku ingsun kaduga
Mung paran kang dadi jangji
maesa alon manabda,
prakareku mung rumojong
manut miturut ing karsa
aja kang tekeng lara
nadyan remuk dadi glepung
sarambut pinara sasra.Prabata prinandayani
tumempuh mangsa mirisa
bote sinambung uripe
kang sarta nambahi nyawa
lah kaya paran sima
nglairna budi rahayu
dadya tandhaning susetya.Tuhu memitran lan mami
dunya ngakir aywa pisah
dene yen sira ing tembe
katempuh ing pringgabaya
kesari sun alangna
lakune wong tulung tinulung
mamrih basukining badan.Lahirna cipta samangkin
tumibeng sih kawelasan
prasasat malakul maot
ngijra'il angeja wantah
tumurun nyambung nyawa
sewu yuta panrimengsun
suka sukuring Hyang suksma.Sardula wus anyagahi
sigra wisata ngupaya
lata ron tilar sadrenges
tebih watawis sangang pal
wus nyantuk kinum toya
kehe watara rong panggul
ngrenggunuk ijo ngrembaka.
32