Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

2. ASMARADANA

  1. Kasmaran kebo miyarsi
    dahat asreping tyasira
    antuk apuraning manon
    metu wasitahing sima
    bothi alon manabda
    krewara manuara rum
    adhuh sardula sing sapa.

  2. Tetulung uripan mami
    nambak pralayeng sun mangkya
    kang uwis kaya mangkene
    paribasane wong kuna
    nganti kembanging sela
    sileming perahu gabus
    iku dununging ragengwang.

  3. Tegese dahat mustakim
    kang kaya awak sun macan
    yen nemuwa urip maneh
    sabab badanku wus lesah
    senacfyan ana pangan
    sun kira tan bisa klebu
    reh gurung asat kewala.

  4. Ewa samono manawi
    rijeki kalawan toya
    babarengan tekan kene
    sun kira nikmat mupangat
    tumameng wandaningwang
    estu sun kira tan ana.

  5. Ana banyu saka ngendi
    prasan atiku lor wetan
    kidul kulon kali kalen

31