Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    kang tan antuk pitulung
    siksaning Hyang ingkang ngraketi
    kaluwih ngelih ngelak
    sun tan bisa sung wruh
    wit padha nglakoni sira
    gembong welas ing nala rumangsa sami
    sasamining ngagesang.

  1. Wajib lamun mahyakaken asih
    supaya blabor sameng timitah
    wusana mong panabdane
    dhuh maesa kalamun
    ana ingkang tutulung asih
    aweh lantaran gesang
    srana rijekimu
    banyu saha tarutala
    mikuwati dadi sambunging ngaurip
    punagimu punapa.

30