meksih anom kukunya lungit
radha lir kapurancang
tutuk mangah murub
netra lir baskara kembar
lumampah neng ngalang-alang tan kaeksi
marma miris pra kewan.
Samana nuju sira dibya di
kesari wisata mireng swara
tangis ngisor Sempu nggone
tiniling saya ngruntuh
manjing kama tangi kang budi
welas mring kang udrasa
tur sima drung weruh
warnanira kang karuna
amrepeki sor sempu kagyat mangeksi
mring wujute maesa.Angalemprak tinup laler wills
wus tan pisan-pisan sipat mesa
serdula tatanya age
ririh denira muwus
paran baya kebo sireki
wus lawas watarengwang
kadulu ngalumpruk
wandanta sawang kunarpa
analangsa ngumbar swara gendeng pikir
kang nglunturken katresnan.Si Danuka sumambung ngreririntih
heh mitrengsun kang sudibyeng wana
sira takon purwakane
sun aneng ngisor Sempu
uwis kawandasa ri tampi
babenduning Hyang Suksma
kelantih ragengsun
tan boga tan ngombe ingwang
kinacek lan sapapadhaning dumadi
tinup larasing kala.Mangsa iki nadyan kurang warih
larang rejeki cagaking gesang
nanging mung awakku dhewe
29