mobah molah malik-molak
sasambate adhuh Jawataning Widi
pun Bothi binanjuta.
- Tan kuwawi amba ngrakit urip
sisikuning Hyang ingkang dhumawah
luhung pinecata mangke
dhuh Gustiku Kang Agung
dene amba puniki urip
sababipun punapa
tan boga tan nginum
mangka pikekahing gesang
gunung asat satetesa tanpa warih
tan kirang lalantaran.
- Kodratingwang kang bil'salatin
wus gumelar tandha kasat mata
dene makaten ing mangke
catur dasa ri sampun
ingoncatan ponang rijeki
tan kirang lalantaran
kodrating Hyang Agung
ngluhurken dikir rus'akmal
asmaning dat saha pangan kang nguwati
ing sipat kalih dasa.
- Karya puji ngeningaken budi
nyuwun kawlasan sihing Pangeran
oluliyah jro ciptane
nanging tan saget wungkul
tan tememen kecaping puji
jalaran gondhang asat
peteng suwung kemplung
makaten reh kamlaratan
yen nenuwun kacek tan saged ngantepi
kawamaa samana.
- Maesa wus pasrah marang tokit
kocapa kusumeng wanawasa
macan gembong panengrane
santosa birawa nung
28