Wus kawentar midrawa ing bumi
pangandikaning Allah Tangala
makaten lapal ungele
wa'ama mindabetun
wapil arli balangalili
murat dipun kang komram
sawarnining wujut
kang gumremet mangku kayut
atas saking kodrating Hyang Maha Suci
rejeki pinaringan.Mangka sampun tita ing watawis
lami tan won ten turuning jawah
kang nyukulken ron-ronane
rejekyamba sedarum
pikuwating pujarjeng Gusti
yen makatena Tuwan
yun ngrusak karatun
inggih karatuning Tuwan
ingkang tanpa wiwitan langgeng dumadi
kang tan ngalap wusana.Duk samana durung amarengi
tibaningsih mring kang papacinta
yata kang cinritakake
pinet purwa witipun
won ten juga mahesa Bothi
jalu nem abirawa
santosa liripun
respati dedeg prakosa
lagya nandhang papa kataman ing gering
sabab tan nginum boga.Sampun catur dasa ri ngrerintih
aneng soring wit Sempu nglemprak
grana usika daging tek
swara sret usadeng luh
1ir tinuras raine ngrungih
lir sundar katyup bara t
sulap kang pandulu
27