sirna larut tan ana keri
kang meksih sawetara
ing jurang myang trejung
nanging sungil trebis parang
sato datan bisa manjing ngupa bukti
wit babenduning Pangran.
Sumber sumur kali kalen belik
bangwan rawa talaga asat
tan ana banyu satetes
sagung kewan angungun
nrantang jentung puteg anangis
samya nekung munajat
lunturing sih turun
salat Istikanorasah
nanging meksa tan ana parmaning Widi
sangsaya saya hardaKabeh sato priyestri geng alit
manyrik samiya swareng karuna
nyipta kiyamat tekane
mangkana tangisipun
Subkan Alloh kang sipat basir
kadi pundi kawula
tan bukti tan nginum
yen tan pinaringan pangan
luhung Tuwan muguta ujwamba sami
urip dahat sangsara.Estu datan saget anglampahi
ngluhuraken asmaning Pangeran
bablesah jiwa ragane
kekuwataning kayun
saha kayat saking rijeki
puji dikir lan donga
saking dayanipun
pangan papancening gesang
punapa ta gusti anyidrani dalil
Kur'an kang kabyawara.
26