Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    kabeh-kabeh wedyasih biraweng Gusti
    marma sadaya kewan.

  1. Areraton etraping utami
    kabeh kewan meh gulung kadibyan
    ing gunasti pangatase
    karardining tumuwuh
    nuksmeng tama ing agal alit
    ngulah kridhaning jasad
    swarjananing ngidhup
    ing kawruh guna widagda
    kasusastran basukine den kawruhi
    kayata ywa karana.

  2. Bausastra den ajar tiniti
    Kitab Kur'an palak palakiyah
    kukum angger sasamine
    pangajaraning kawruh
    buku-buku ananing bumi
    wus dilalah karseng Dat
    kang wajibul wujud
    tumitah ing jaman kitrah
    kabeh kewan putus saliring pakarti
    kinarya lalampahan.

  3. Yata ingkang jinejer ing kawi
    samana Hyang kang murbeng bawana
    nitahken kaelokane
    tan anurunken truh
    amung panas ing mangsa katri
    tan ana kamurahan
    antuk sangang tengsu
    suket tarutala sirna
    glagah tuwin alang-alang lir kabesmi
    bebas trapas baranang.

  4. Ampak-ampak bledug awor angin
    tumempuh karang kirna bimangsa
    sindhung riwut tanpa leren
    mandira wrekseng gunung

25