Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Marma kancil kaiket kaanggit
    mung kinarya ngasah para mudha
    ing sura sakeh lupyane
    tan ngamungken kang bagus
    nadyan ala kang karya juti
    kang kudu kinawruhan
    weruha patrap dur
    mamrih -tyas manyakrawala
    ing deduga prayoga titi lastari
    adining tama loka.

  2. Sigegen kang carita ginupit
    mangsa kalaning ing jam an kitrah
    nungswa Jawa santerone
    kewan wana sadarum
    isinira mawarni warni
    meksih arang manungsa
    keh kewan wana gung
    bangkit tata sileng janma
    wus pinasthi karsaning Sipatulrahim
    akeh kewan samyana.

  3. Bausastra aparameng kawi
    Jawa Arab linatih ginulang
    guna di kasentikane
    putus mangulah junun
    agamaning Hyang maratani
    ginelarken neng kewan
    duk semana nuju
    ing Ajam kang madeg Nata
    Jeng Suleman Mulikul baladeng Mesir
    juru slameting dunya.

  4. Ratu Agung sala krama niti
    putus saliring basa samoha
    basukya geng darajate
    tentrem karyaning kratun
    sakurebing ngantariksadi
    saklumahing bawana
    kutu-kutu sujud
    wun dene jin pri manungswa

24