cocok daliling ngaka'it.
Unining lapal mangkana,
al Islam dabikul nupusati,
tegese Islam puniku,
nambeleh napsunire,
kang mangkono ngampah budi cipta dudu,
tetep uliyaning suksma,
budyarja rilambeg niti.Marma ngelmu luwih gampang,
mung lakune kang ewuh dhemit rungsit,
sewu siji ingkang saguh,
nglakoni tyas raharja,
ajining wong mukmin ingkang putus ngelmu,
pranane sabar darana,
setyeklas rahina wengi.Akeh lamun sun jerenga,
patrapira perang lan napsu katri,
saben kewan bae weruh,
ngelmu agama Islam,
mung regane larang tanpa petung,
rina wengi nembah ing dat,
lan prihatin cipta eling.Iku musthikaning tama,
yen katiban ngelmu makripat wening,
wenang winruhken kang jentus,
pathining rasa mulya,
lir yaiku dhalang sejati kang mengku,
mosik meneng ngatas karsa,
wus tan rumangsa ndarbeni,Dwipangga matur sandika,
bab punika nuwun sakethi amin,
lampah kang sampun tinutur,
cegahaning makripat,
kedah lampah sabar sarta budi ayu,
bokmanawi angsal berkah,
kawula saged nglampahi.
203