Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/198

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    saha bangkit medharken ngelmu linuhung,
    marma sadarpa miminta,
    sajar wijangireng ngelmi.

  1. Tedahna ing sangkan paran,
    kang sanyata kulesthi dunya ngakir,
    nadyan kinen ambeg sadu
    sabar legaweng nala,
    yen wus terang gadhuhan kawula tuhu,
    dados boten lebar lahan,
    mangkana sabdaning kancil.

  2. Bab iku luwih prayoga,
    sira darbe cipta kapengin ngelmi,
    nglakoni mangulah ngelmu
    agama kang sampurna,
    Islam kudu mituhu rehireng ngelmu,
    pra Nabi kekasihing Hyang,
    gampang kewala yun ngelmi.

  3. Ngelmu apa bae ana,
    ingkang dakik-dakik atasing urip,
    abote pitukonipun,
    gadhuh ngelmu utama,
    ingsun kira sira gajah durung cukup,
    tyas sudirja paramarta,
    sabar perang rina wengi.

  4. Daredah akeh kang ala
    rina wengi wahyaning pikir silip,
    kerep kalindhih kang hayu,
    dening jajal jin setan,
    luwih kuwat panggodha dayaning napsu,
    yeku lakuning oliya,
    sapa kang bisa nglakoni.

  5. Sayekti mukmin utama,
    manut ing reh napsu kang rupa putih,
    lurus mulus kang cipta alus,
    angles rasaning driya,
    budi pasek badingah sirna sadarum,
    yeku kang kasebut Islam,

202