inggih mangsa boronga,
wangsul ingkang sampun mung samanten baut,
paduka nyingkira enggal
kawularsa mamet budi.
Manawi katuting kisma,
Kancil mire gajah tumandang aglis,
sarosa gadhing tumanduk,
jugrugi ngering kanan
ngarsa wuri temah longsor punang sumur,
warata padha sakala,
mengkono digdayeng hesthi.Aja kang tilas guskara,
nadyan jurang pereng wreksa gung gusis
samantana dwipa metu,
saking tilas jugangan,
Kancil maksih nunggoni arsa weh tutur,
nulya dwiroca mendhak,
isthane ujung mring kancil.Sarwi matur nganor raga,
manuara mlas arsa milutengsih,
adhuh sang widakdeng kawruh,
bijaksa nawung kridha,
amba nyuwun barkah puruiteng ngelmi,
sarengat dinil mustapa,
kamukswan tingkah agami.Agama gaman akirat,
manjing Islam kangge ing donya ngakir,
amba nyuwun wijangipun,
ingkang wijang-wijangan,
galur turut teturutanireng ngelmu,
ingkang kangge ngrika ngriki,
reh paduka akul mukmin.Amba dereng nate wikan,
kewan wana kang putus ngelmu jati,
cakep silane tumuwuh
wanuh lan Nabi Sleman,
201