Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/196

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    papat pisan kudu weruh,
    kang muksis ingkang pana,
    jeneng urip wus pasthi jodhone lampus
    neng ngakir nemu panggonan,
    kang tan ana ngupamani.

  1. Dwipangga tanggaping nala,
    wasitane kancil kang wus kawijil,
    maweh tandha ahli ngelmu,
    sangkep silaning gesang,
    prapteng layu sangkan paraning putus,
    gajah matur nganor raga,
    silakramanireng ngurip.

  2. Dwirada nir subasita,
    tanpa kira lamun panggawe sandi,
    amung ngungun mathem njentung,
    reh tyase wus kakenan,
    keneng wuwus dibya pangulahing ngelmu,
    dhasar nyata kancil tama,
    putus ngelmu dunya ngakir.

  3. Palguna malih manabda,
    rehning sira neng sumur kadi pundi,
    lah apa ta bisa metu,
    saking daya priyangga,
    lamun nora bangkit ingsun enggal matur,
    marang Bagendha Suleman,
    Malaekat kang nulungi.

  4. Nanging prayogengsun gajah,
    entekena karosanta rumiyin,
    budidayanireng kalbu,
    dene lamun wus tita,
    nora bisa ingsun ingkang enggal matur,
    Brajamuka nambung sabda,
    yen namung samanten inggih.

  5. Kados-kados dereng wegah
    ewadene yen telas ingkang budi,
    tan daya amba pukulun,

200