Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/195

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Ananging pasthi kalampah,
    reh wus komram kasebut dalil kadis,
    pangandikane pra kutub,
    kang winahya ing kur'an,
    marma Kangjeng Nabi pangandikanipun,
    besuk yen kurang sapasar,
    paring dhawuh marang mami.

  2. Jabarail kang dinuta,
    angupaya ngendi nggone pinanggih,
    dhawuhing Hyang mangke mundur,
    dhawuh iku pacuwan,
    tan karilan saben kewan bae krungu,
    nanging ingsun sira padha,
    dhinawuhan olah dini.

  3. Jenengken klimah tayibah,
    rina wengi kinen nyipta tyas eling,
    salat sarta sujud rukuk
    kadya prentahing Kur'an,
    saha kinen gegulang suraseng ngelmu.
    kang maksud sajroning tekat,
    kang cocok suraseng dalil.

  4. Mangkana jarwaning cegah,
    wasrengatu bilatarekat batil,
    tegese sarengat kudu,
    nganggo ngelmu tarekat,
    lamun datan mangkono batal kang laku,
    tarekat bil makripat,
    roro ikut tanpa dadi.

  5. Tegese ngelmu makripat,
    barang kawruh kudu wruh tandha saksi,
    surasa myang resanipun,
    tanpa kacakrabawa,
    basukining nala narima satuduh,
    sajroning atimu ana,
    patang prakara ngelmu writ.

  6. Iyeku ngelmu sarengat,
    tarekat lan hakekat makripati

199