kainggahaken dharatan,
sreg tan ngrekasa neng nginggil.
Kancil alon sabdanira,
heh gajaksa sira tunggu neng ngriki,
poma-poma wekasingsun,
ywa sira lunga-lunga,
lamun ingsun durung bali aja metu,
Dwapa manthuk kancil mentar,
sukeng tyas marwata siwi.Sasat pejah manggih gesang,
sukuring tyas antuk parmaning Widi
sewu yuta nuwun-nuwun
lir manggih wukir retna
jingklak-jingklak sirig-sirig pacak gulu,
wus mangkono kauripan,
tan siwah kewan lan janmi.Palguna engeting rena,
ingkang aneng asraman Ngempelgadhing,
praptaning dhepok katemu,
uga samya raharja,
nuli antuk rong dina kancil ta emut,
ubyayane mring dirada,
kang ana ing sumur mati.Enggal denira wisata,
tan kacrita ing marga prapteng pragi
uluk salam ngalaekum,
akul mukmin dirada,
anauri wangalaekum salamu,
Kancil ngungak alon nabda,
o o bener sira hesthi.Ingsun wus ngatas parentah,
nyuwun wikan praptanireng prajangji,
Kangjeng Nabi paring dhawuh,
Hyang kang murweng buwana,
durung tamtu panggulunging bumi pitu,
tangkepe bumi angksa,
gumantung karsaning Widi.
198