Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/193

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

25. PANGKUR

  1. Kapungkur gunging piwulang,
    Kancil nulya nabda dhumateng esthi,
    kaya paran pamikirmu,
    apa sun metu nerang,
    sowan Kangjeng Nabi ngatas ingkang dhawuh,
    tekaning dina kiyamat,
    besuk apa kang wus mesthi.

  2. Ingsun manut karepira,
    apa amung ngenteni aneng ngriki,
    dwipangga alon umatur,
    bab punika prayogi.
    lamun sarju paduka ngatasa dhawuh,
    sowan Jeng Nabi Suleman,
    benjing punapa kang mesthi.

  3. Manawi kalamen tengga,
    wonten ngriki kaliren datan bukti,
    pados gesang temah lampus,
    dene yen sampun terang,
    benjing diinten punapa ingkang saestu,
    paduka kaliyan amba,
    mlebet jugangan malih.

  4. Palguna tanggaping sabda,
    yen mangkono ingsun arsa sumiwi,
    age unggahna mandhuwur,
    sarana tlalenira,
    Kancil nulya kinruwel ing tlale sampun,

197