Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/191

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    sun nyengka nracak manginggil,
    kaya nuli bisa luwar.

  1. Alon nabda lamun mangkono prayogi,
    yen sira kaduga,
    salawase nggendhong mami,
    ngenteni bubar kiyamat.

  2. Ingsun ndhampeng anjloga dwipa den aglis,
    angkahen ywa midak,
    sun kami welasen meksi,
    marang sira brajamuka.

  3. Wekasingsun dina ngakir aja mukir,
    sun sambungi gesang,
    sarana nalar utami,
    oleh marganing raharja.

  4. Nulya kancil ndhampeng sanalika,
    malebeng guskara,
    anjlog kang pratiwi gonjing,
    nuli ndherum brajamuka.

  5. Sarwi matur paduka minggaha gigir,
    sampung wancak driya,
    pinten bobot tuwan inggih,
    Kancil miturut ing tedah.

  6. Munggeng gigir ngadeg mlaku wira wiri,
    alon pasrangkara,
    coba ngadega siresthi,
    sun arsa miyat kang tandha.

  7. Sun terangne kapan tangkebing pratiwi,
    yen kurang tetela,
    mengko sun ngatas Jeng Nabi,
    nyuwun priksa besuk apa.

  8. Wusnya ngadeg gajaksa nuli si Kancil.
    ngukur kurangira,
    saking dharat tekeng gigir,
    keri rong meter kewala.

195