Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/190

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Kapindhone sira iku agung inggil,
    ingsun cilik andhap,
    yen tan kabeneran mati,
    golek urip temah lena.

  2. Nora wurung macedhel kapidak sikil
    tlapakanmu kaya,
    tampah nyamleng anasabi,
    sarirengsun tanpa polah.

  3. Nadyan ingsun ndhampenga ana ing pinggir,
    uga tan kapidak,
    nanging tansah ingsun sedhih,
    marga tlethongmu gajaksa.

  4. Mangka suwe neng kene nunggoni jangji,
    kongsi pendhak dina
    tlethongmu tan wun ngregedi,
    iba susahing tyasingwang.

  5. Wong wus resik suci awoworan tahi,
    apa maneh muja,
    kalimah tayibah muksis,
    Dwirocana nambung sabda.

  6. Lah mbok inggih paduka tetulung urip,
    bab sesaking papan,
    sarta regeding rerepih,
    prayogamba ing paduka.

  7. Kula gendhong tansah wontena ing gigir,
    geger amba jembar,
    estu waged klintang-klinting,
    Kancil sukaning wardaya.

  8. Ngunandika ing tyas sukur bage hesthi,
    saguh nggendhong ing; wang,
    yen wus aneng gigir mami,
    nuli minggah amancelat.

  9. Ingsun kira iku gajah rolas kaki,
    kuranga sapira,

194