Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    cotho kang durung gayuh
    ngayah-ayah ngayawara ris
    brastha pating salingkrah
    dhateng kuping krungu
    manna mangke sastra denta
    kang lakyana rinikatan prapteng tulis
    saha jejer wit kembang.

  1. Babad Kancil kang kianrya misil
    lirnya misil punika upama
    tepa palupi badane
    wutuh sinawung kidung
    ananarik tangine budi
    dadalane met' warah
    padha Ian maguru
    yen manjing sajroning tyas
    jumenengken angen-angen ngatas kang wrin
    m baboni turun tedhak.

  2. Yeku dadi piwulanging ngati
    kang sampeka mardi pikirira
    saben dina pangundhuhe
    wowohan makripatu
    dadya ngelmu panggawe ngati
    santosa saka netra
    rerupan kang klebu
    panyakrabawa deduga
    bersotaning dyatmika yun marsajani
    tetep sarjana mulya.

  3. Dimulyeng tyas saka ing panglatih
    musthikeng kalbu yan jana tama
    bangkit wruh ala becike
    ngengrengan kang kadulu
    terusana sajroning ati
    pinilih lumaksana ·
    kang yogya tinemu
    juti bubar kapalajar
    sima ilang wong mawang pakaryeng sandi
    tetep tyas suksmantaya.

23