Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/189

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    layak kancil ngupa,
    sarana sambunging ngurip,
    umanjing marang guskara.

  1. Pantes bae mujiya ngeningken budi,
    wong wis tampa prentah,
    dening Suleman Jeng Nabi,
    ratuning sato wanarga.

  2. Kutu-kutu kang gumremet kang kumelip,
    kang sarta wiyangga,
    ing benawi myang jeladri,
    ngidhep Suleman samoa.

  3. Pantes bae Njeng Nabi murtining bumi,
    ganal Ga'ib wikan
    aja katangkeb ing langit,
    nadyan kerad wus pramana.

  4. Brajamuka alon nabda marang kancil
    adhuh sang siniyan,
    welasa mring amba mangkin,
    kawula srah jiwa raga.

  5. Yun murwita karatoning Maha Suci,
    ing dunya delahan,
    ciptamba ngupaya yukti,
    netepi sarak utama.

  6. Mestutyarja ing satebyat puji dikir,
    muja suksmantaya,
    marma yen panujeng galih,
    kawula ndherek paduka.

  7. Sek-esekan wonten ing jugangan sami
    dunya ngakir tunggal,
    mituhu tataning dini,
    kawula anjlog kewala.

  8. Kancil nabda o gajah sira tan mikir,
    saking bodhonira,
    arsa tunggal aneng ngriki,
    ewuh pakewuhe sesak.

193