Kaca iki wis divalidasi
24. MASKUMAMBANG
Ywa kumambang ing kono panggonan kang ning,
negesing tyas pana,
mring dat kang murweng dumadi,
nulya katon kasat mata.Panengeran dat mutlak kang ngenal yakin,
wujud sipat seta,
tan siwah solah myang warni,
mila kodraning Pangeran.Kacihna yun nyirnakken sukering bumi,
kang ngrusak silarja,
kang mukir tataning dini,
karseng Hyang bakal binrastha.Bebas larut ingkang malang-malang gusis,
mungguhing klakuwan,
wus kabyawara neng kadis,
nuli-nuli klakonira.Saking kira-kira panimbangsun hesthi,
telung dina engkas,
tumekaning ingkang jangji,
yen tan ngandel tumengaa.Dhuwur bener langit iku wus kaeksi,
ika mengkap-mengkap,
keri seket pal watawis,
gajah ndengangak osiknya.E e nyata dene tan ana pawarti,
192