Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/187

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    kang sayogya ingalap,
    aywa dahat pengung kumprung,
    tan maelu dalil Kur'an.

  1. Marma weruha sireki,
    tangkepe bumi akasa,
    kurang tri dina tekane,
    marma sun malbeng jugangan,
    rehning kiamat sugra,
    mung sadhela langit mumbul,
    mangkono dhawuhing suksma.

  2. Yaktine yun karya suci,
    Allah ngrusak wong durcara,
    kariya kang yukti bae,
    marma sun iki istiyar,
    ywa katangkeban kisma,
    wajibe atase makluk,
    ngupaya sarating gesang.

  3. Dhasar trang dhawuhing Nabi,
    Suleman kinen ngupaya,
    jugangan sumur kang jero,
    supaya ywa ketangkeban
    saha sun kinen maca,
    klimah tayibah kang jumbuh,
    sirnaning gusti kawula.

  4. Laillah haillalahi,
    Muhkhamaddur Rasullolah,
    nuli sun gulung rasane,
    ilat tinekuk ing cethak,
    mawas wijiling napas,
    lawan manembah muni Hu,
    rantarekna Isbandiyah.

191