sengadi tan uninga
malah saya tambah sengkut,
sinengkakken swaranira.
Tandya gajah tanya aris,
Kancil sireku lagyapa,
dene ta ana ing kono,
wataraningsun wus lawas,
katara tapak tilas,
punapa Kancil sedyamu,
kang tinakon tanggap sabda.Sarwi tumenga nauri,
mring hesthi kang ungak ungak,
o o bodho temen taneh,
apa ora krungu kabar,
caritaning kiamat,
Pangeran wus paring dhawuh,
gumelar aneng musakat.Mratani ing bumi-bumi,
tinampen para ambiya,
kang sinedhahan ngabarke,
mring umat tunggal agama,
wus dene Nabi Sleman,
rina wengi tansah muruk,
bab praptanireng kiyamat.Muhung kurang telung ari,
tangkepe bumi angkasa,
mung pitung dina lawase,
ingaran kiyamat sugra
uwis arep tumeka,
lah apa sira kalimput,
tan ngesthi unine kitab.Dene wus sinung pamyarsi,
pangucap ganda paningal,
panganggonira wus suwe,
tan ngupaya kautaman,
190