Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/185

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    wusirantuk kalih dina,
    tan ngombe datan nadhah,
    nulya na gajah gung luhur,
    wisata krungu suwara.

  1. Angelik agalik-galik,
    memuji marang dat mutlak,
    ngucap tetelu klimahe,
    ngluhuraken Nabi Sleman,
    ratune sato kewan,
    Dwirada kanyuting kalbu,
    mangkana liman usiknya.

  2. Swara apa nggendeng ati,
    ewuh panyakrabaweng wang,
    ucape kanthi pasemon,
    ngapilken klimah tayibah,
    ngluhurken Nabiyolah,
    Suleman ing jagad agung,
    estu iki wong utama.

  3. Yen dudu kewan murtyadi,
    tan baut mring tembung Arab
    junjung karatoning manon,
    pantese iki utusan,
    oliyaning pangeran,
    sigra linuru katemu
    ana sajroning guskara.

  4. Kancil kang sru muja bekti,
    lungguhe njingkrung amawas,
    tiksweng nasika den ilo,
    palguna nglirik mring gajah,
    mung weruh sawatara,
    kalamun angungak sumur,
    age dennya pasang cipta.

  5. Rehning wus putus ing sandi,
    sakeplasan nora kewran,
    mingising budi nalare
    ngupaya sirneng sangsara

189